Sabtu, 02 Juli 2011

Pituture Bobo

Kanggo anakku lanang
Den Bagus Muhamad Seno Aji
lan kanggo Pengeling-eling (Alm) Den Bagus Muhamad Adnan



• Bocah bagus... anakku lanang Ojo wedi goleko pepadange dalan Ora kendhat anggonku ngudhang

• Ngger... Anakku Wong tuwamu dudu rojo Sing tak warisake dudu bondho dunyo Sangumu mung isi pitutur Mugo dadio titah kang luhur

• Anakku lanang... bagusing ati Ojo lali anggonmu memuji mugo dadi padange ati Urip ing dunyo iku mung sedelo Urip ing kono koyo samudro...mulo ngger ojo wegah podo tetanen mbesuke bakal panen

• Bocah bagus anakku lanang... Ojo nganti ninggalke piwulang mumpung jembar gole’o dalan padhang, Ojo jirih ing pepalang SEJATINE ORA ONO OPO OPO...SEJATINE JAGATE WUJUD SUWUNG... ORA WARNO LAN ORA RUPO... SING ONO MUNG AWANG UWUNG

• Sakabehing bondho dudu ukuran, drajad pangkat dudu takeran Lan pujane roso dudu anak, Pagere jiwo dudu sanak

• Nggerr... Wong tuwamu dudu dewo Ora wenang nulis garise manungso Sangumu mung isi pitutur Mugo dadi titah kang luhur.

( Bopomu Den Bagus Sabar Riyadi Bin Atmo Paniyo ) Baca Selengkapnya..